Pakaian Adat Jawa Tengah Perempuan

A.    Wusana Kejawen 

Wong Jawa jaman mbien isih nyekel budhaya adat istiadat para leluhur. Saka bab kang cilik nganthi bab sing gedhe banget isih dirumati lan dilestarikake kanthi ngamalke saben piwulang lan keyakinane kanthi apik saha titi ngathi- athi. Kabeh babagan menika nduweni makna lan simbol- simbol kang jeru. Salah sawijining yaiku wusana. Para jaler lan estri Jawa kuno mesthi nganggo klambi kanthi rapihlan wusana kejawen sing sederhana.
Kajaba menehi kesan gagah prakasa lan wibawa, ayu lan keibuan, jebulna saka saben lekuk lan ruas wusana nduweni makna dhewe- dhewe. Wusana adat Jawa biasane kasebut wusana kejawen sing mesthi bae nduweni pralambang tertamtu. Wusana kejawen nduweni piwulang sinandi sing kebak wulangan jawa. Ing wusana jawa iki ana wulangan kanggo nglakoake samubarang ing donya kanthi seimbang lan ana kaitane karo kegiyatan padinan, yaiku hubungan karo manungsa lan hubungan karo Gusthi Allah.
Manten estri nganggo klambi kang wernane abang, ing sisih njaba klambi nganggo pola alas-alasan, konde kang bentuke mangkok kuwalik lan krukup, diwenehi hiasan kembang melati.
Jinising wusana lan kelengkapane sing dianggo dening kalangan estri Jawa, khususe ing lingkungan budaya Yogyakarta lan Surakarta, Jawa Tengah yaiku klambi kebaya, kemben, lan kain tapih pinjung diwenehi stagen. Klambi kebaya dianggo dening kalangan estri bangsawan uga kalangan rakyat biasa, dadi wusana padinan uga wusana kanggo upacara. Dadi wusana upacara kayata kang dianggo dening garwo dalem, yaiku wusana kebaya kang nganggo peniti renteng digabungke karo kain sinjang utawa jarik corak batik, nggon sirah rambute digelung (disanggul), lan diwenehi pelengkap perhiasan kang dianggo kayata subang, cincin, kalung, lan gelang, sarta kipas sing biasane ora ketinggalan.
Kanggo wusana padinan, umume estri Jawa mung nganggo kemben kang digabungke karo stagen, lan kain jarik. Kemben dianggo kanggo nutupi prembayun, kelek, lan geger, sebabe kain kemben iki rada amba lan dawa. Sakmenika stagen dililitke ing weteng kanggo naleni tapihan pinjung supaya kuat lan ora gampang copot.
Ing wektu saiki, klambi kebaya umume mung dianggo ing wektu tertentu, kayata pas upacara adat. Yaiku klambi kebaya kang bentuke blus lengen dawa kang dianggo ing sisih njaba kain dawa ana corakke utawa sarung kang nutupi sisih ngisor awak (saka mata kaki nganti bangkekan). Dawane kebaya iku macem-macem. Ana sing sakukuran sekitar bangkekan ndhuwur nganti sing ukurane ing ndhuwur dhengkul. Mulane, estri Jawa ngerti loro jinis kebaya, yaiku kebaya pendhek kang ukurane nganti bangkekan lan kebaya dhowo kang ukurane nganti dhengkul.


B.     Ubarampe Wusana estri
1)      Kebaya
Kebaya asale saka tembung basa Arab yaiku “Abaya” sig artine klamben. Akeh sing percaya kebaya iku asale saka Tiongkok ing atusan taun kepungkur. Banjur nyebar mring Malaka, Jawa, Bali, Sumatera, lan Sulawesi. Sakwise akulturasi kelakon atusan taun, klambi kuwi ditampa ing budhaya lan norma daerahe dhewe- dhewe. Sakdurunge taun 1600 ing Pulo Jawa, kabaya kuwi akeh dinggo dening kalangan keraton. Ing jaman Walanda, para estri Eropa padha seneng nganggo kebaya kanggo klambi resmi. Kebaya ing jaman kwi mung nggunakake bahan tenunan kang bahane sutra lan sulaman werna- werni. Nggunakake kebayak ndadikake para estri mangkleh dadi esri kang anggun lan nduweni kepribadian kang sae. Kebaya meloni lekuk awak, dadine para estri kudu bisa madhakne lan njaga awake dhewe.
2)      Ungkel utawa sanggul
Ungkel utawa sanggul yaiku rambut palsu ugi rambut asli kang digawe bentuk oval lan ditempel ing mburi utawa ing sirah. Sanggul wis dikenal wiwit jaman Mesir Kuno, ing wektu kuwi para estri Mesir Kuno nduweni kebiyasaan nyukur resik rambut ing sirahe, kanggo kapentingan acara keagamaan uga kanggo karesikan. Amarga wong- wong sing Mesir Kuno praduli marang estetika, dekne kabeh milih nganggo rambut palsu ing acara-acara tartemtu, dadine isih katon ayu. Ing jaman menika, sangul ora mung digawe saka rambut manungsa, nanging uga digawe saka bulu kewan lan serat godhong palma. Salah sawijining sanggul kang dikenal ing Jawa Tengah yaiku sanggul ukel konde saka daerah Solo. Sanggul menika wis umum dinggo dening para prawan lan wong diwasa. Ing jaman mbien bentuk sanggul iki cilik lan panggonane rada ing nduwur sirah. Rambut kaum estri ing jaman mbien mesthi dawa lan wektu para estri lungo adus utawa lungo rambute mesthi bae dikonde. Panggonane ing sebelah nduwur utawa pucuk sirah.
Jinising sanggul yaiku :


a.       Ukel Ageng Bangun Tilak            b. Sanggul Bokor Mengkurep
c.       Ukel konde

3)      Setagen
Setagen yaiku yaiku kain tenunan dhawane 4x12 kanggo ngiket yen gunaake kain bathik fungsine padha karo sabuk. Nanging saka bentuke sing dowo kuwi ana nilai- nilai filosofi kang luhur, ngrupakne simbol supaya sabar (dadi manungsa kang sabar) utawa dowo ususe.

4)      Kemben
Kemben yaiki klamben kang digunakake para estru kanggo nutupi weteng utawa dada, lan fungsine kanggo nggawe weteng luwih singset. Kemben digunakake dadi gantine klambi lan pemepak kanggo nutupi payudara. Kemben wis digunakake marang suku Dayak Ngaju ewonan taun kepungkur.
5)      Jarik
Jarik utawa sinjang yaiku kain sing digunakake kanggo nutupi awak saka bangkekan tekan sikil. Jarik nduweni makna aja gampang serik, yen ngadepi masalah kudu ngati- ati aja grusa- grusu.

6)      Cunduk Jungkat
Cunduk jungkat yaiku  aksesori kang dipasang saka arah dhuwur uyeng uyeng. Cunduk jungkat deweni nilai pendidikan gambaran saka keprawanan, saengga yen penganten wanita nganggo wusana basahan karo cunduk jungkat ing sirahe, mula penganten kemau isih perawan. Cunduk jungkat uga duweni teges rapi utawa ketata. Penganten wanita dikarepake bisa nata kluwargane saengga kacipta kulawarga sakinah, mawadah, lan warohmah.

7)      Cunduk Mentul
Ing saknduwure sanggul biasane diwenehi aksesori liyane kayata Cunduk Mentul. Cunduk Mentul yaiku aksesori kang manggone ngadeg ing sirah. Cunduk mentul biasane kasusun saka 5 nganti 9 bunderan cilik. Nanging sejatine bisa uga jumlahe 1,3, 5 utawa 9.
Cunduk mentul kang jumlahe 1 nduweni pralambang anane Gusti kang Maha Esa. Cunduk mentul kang jumlahe 3 nduweni simbol trimurti. Dene kang  jumlahe 5 kuwi pralambang rukum Islam. Yen jumlahe 7 diarani simbol pitulungan. Kang paling akeh yaiku 9 nduweni simbol wali songo. Cunduk mentul biasane dipasang madhep mburi. Yaiku kanggo simbol yen wanita kuwi kudu ayu kadi ngarep uga mburi.


8)      Ronceng Melati

9)      Suweng

Suweng utawa sruweng, utawa subang, utawa sungu iku sajinis aksesori tumrap wanita sing dipasang nempel ing kuping.Bahane bisa saka logam, plastik, kaca, watu mulia, manik-manik, lan liya-liyane.
10)  Peniti Renteng


11)  Selop
Sandhal Selop yaiku sandal kang digawe saka bahan kulit kéwan, ingkang diolah lan wujude nutupi bagian driji, geger sikil lan bageyan tungkak kebukak. Selop nduweni arti yaiku nyembah marang Gusti Allah, supaya saka lair nganthi bathin. Ing njero ati mung sumeleh.



C.     Jinising Wusana Estri

1.      Putri Pinjung Kencong.
Wusana iki dianggo dening para putri raja kang umure wis luwih saka 8 taun, sakdurunge para putri iku gedhe. Para putri raja nganggo klambi celup, mekak, lan Ukel Welah Sawit kang diwenehi pelengkap yaiku kokar cunduk jungkat, cunduk mentul, lan perhiasan kang lengkap.
2.      Bedhaya dhodhot Klembrehan (ampil-ampil miyos bakda)
Wusana iki dianggo dening para dayang estri saka pejabat dhuwur kraton pas upacara ageng kraton. Para dayang menika ngiring raja lan nggawa harta nggone raja.
3.      Putri Kabaya Cekak Dalam
Pas ndampingi raja kanggo nyambut tamu-tamu penting ing Kraton, para putri raja kang taksih lajang lan taksih tumbuh gedhe nganggo kabaya Cekak sing disulam nganggo benang kang wernane keemasan, diwenehi pelengkap konde ukel ageng kang diwenehi hiasan godhong pandan, para putri mau nganggo klambi batik pola parang (kayata Parangkusumo), kalung, anting-anting, cunduk jungkat, gelang.
4.      Putri Kebaya Panjang Dalam

Ing acara Pasowanan ageng, para putri raja kang wis duwe bojo nganggo Kebaya Panjang, konde kang bentuke ukel ageng banguntulak, diwenehi hiasan kembang melati, borokan asesoros, lan cunduk jungkat. Kebaya Panjang menika diwenehi pelengkap bros saktumpuk, kalung, anting-anting, lan gelang. Wusana iki uga dianggo ing upacara kawinan




Bisa juga di download dalam bentuk softfile dengan format .docx di
sini(ziddu)
sini(mediafire)









Comments

Post a Comment

Mari berkomentar dengan baik dan bijak.....

Popular posts from this blog

Manfaat Limit Dalam Kehidupan Sehari-hari

Pakaian Adat Jawa Tengah Pria