Posts

Showing posts with the label kejawen estri

Pakaian Adat Jawa Tengah Perempuan

Image
A.     Wusana Kejawen  Wong Jawa jaman mbien isih nyekel budhaya adat istiadat para leluhur. Saka bab kang cilik nganthi bab sing gedhe banget isih dirumati lan dilestarikake kanthi ngamalke saben piwulang lan keyakinane kanthi apik saha titi ngathi- athi. Kabeh babagan menika nduweni makna lan simbol- simbol kang jeru. Salah sawijining yaiku wusana. Para jaler lan estri Jawa kuno mesthi nganggo klambi kanthi rapihlan wusana kejawen sing sederhana. Kajaba menehi kesan gagah prakasa lan wibawa, ayu lan keibuan, jebulna saka saben lekuk lan ruas wusana nduweni makna dhewe- dhewe. Wusana adat Jawa biasane kasebut wusana kejawen sing mesthi bae nduweni pralambang tertamtu. Wusana kejawen nduweni piwulang sinandi sing kebak wulangan jawa. Ing wusana jawa iki ana wulangan kanggo nglakoake samubarang ing donya kanthi seimbang lan ana kaitane karo kegiyatan padinan, yaiku hubungan karo manungsa lan hubungan karo Gusthi Allah. Manten estri nganggo klambi kang wernan...