Peranganipun busana Jawi ingkang dipunangge ing Karaton Surakarta ing wekdal sakpunika, saking nginggil dumugi ngandhap kanthi urut kados ing ngandhap punika: 1. Udheng 2. Kulambi 3. Sinjang /Dodot 4. Setagen 5. Sabuk 6. Epek Timang lan Lerep 7. Samir 8. Dhuwung 9. Cenela utawi selop Ing salajengipun saben panganggen badhe ka-urutaken andharanipun, wiwit saking pangertosan, warni-warninipun, saha paugeran panganggenipun. 1. UDHENG a. Pangertosan Udheng Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi sampun dados kantun hangagem. Dene basa kramanipun dhestar, punika arupi panganggen ingkang dipunagem kangge nutupi s...
Comments
Post a Comment
Mari berkomentar dengan baik dan bijak.....