CONTOH SESORAH

Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Walikota Pekalongan, ingkang kula urmati Bapak Wakil Walikota Pekalongan, saha para rawuh ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan ngaturaken puja kaliyan puji syukur dumatheng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring nikmat lan rahmat kangge kita. Mboten lali shalawat lan salam kita aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun dakwah Islam ing dunia iki. Kula ngadeg wonten mriki saperlu ngaturaken sesorah bab 'Bathik Jaman Sakniki'
Kados ingkang sampun dipunmangertosi, bathik menika salah satunggaling kabudayan kita ingkang sampun ditetapke dening UNESCO dados 'Master piece of the Oral and Intangible Heritage of Humanity' ing 2 Oktober 2009. Sampun kirang langkung 5 taun gelar menika dipunsandhang dening bathik, nanging budaya lan minat ngginakaken bathik kangge padinan utawi kangge acara resmi tambah kirang. Ngantos sakniki motif lan werni bathik menika asring ngginakake motif kalem lan werni ingkang petheng. Babagan menika ingkang kirang dipunremeni para muda lan mudi.
Menawi babagan menika mboten dipuntangani kanthi leres, bathik saget ical kalihan mboten wonten malih ing bumi nusantara niki malah saged dipunklaim dening Negeri Jiran. Naging Alhamdulillah, para pengrajin bathik sakniki tambah kreatif lan inovatif kangge narik minat muda-mudi supados kersa ngagem bathik. Werni lan motif bathik ingkang biasanipun petheng lan kalem dipun gantos dados meriah, ngejreng, kalihan luar biasa. Para pengrajin ugi ndamel bathik model Barcelona, Real Madrid, Persibat, Persib, Persip, kalihan model liyane. Wonten ugi bathik ing bolpoin, buku, pesawat, kereta, kalihan sakpanunggalane.
Mugi-mugi bathik menika saged numbuhaken minat muda-mudi kalihan generasi bangsa kangge ngagem bathik lan saged nglestarekake bathik ing Bumi Nusantara niki. Ayo lestarikke bathik! Ayo nganggo bathik! Aja ngasi bathik ilang saka bumi Nusantara!

Mekaten ingkang saged kula aturaken. Mangan kupat duduh santen, mbok bilih lepat nyuwun pangapunten. Ali-ali mata telu, aja lali marang aku. Matur nuwun. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Comments

Popular posts from this blog

Manfaat Limit Dalam Kehidupan Sehari-hari

Pakaian Adat Jawa Tengah Pria

Pakaian Adat Jawa Tengah Perempuan